Logo
search
menuicon
thubnail
Hutan
Berurutan
SMA 10
Lainnya
OTHAK-ATHIK MATHUK - RINENGGA
Anisa Nuraeni
437
Pertanyaan yang ditambahkan (20/ 20)
Izinkan jawaban yang salah
Sembunyikan jawaban
public kuis

# 1

Pilihan ganda

Gatekna wangsalan ing ngisor iki!


Jenang gula ya, mengko awan susulen aku nyang Stasiun Kota Baru!


Apa batangane tembung kang kacetak miring?

  • Sada

  • Aren

  • Gethuk

  • Jenang

  • Glali

# 2

Pilihan ganda

Gatekna pranyatan ing ngisor iki!

 

Para siswa-siswi SMA BSS bebarengan nyuwun donga pangestu marang wong tuwa nalika bubar wisuda.

 

Miturut pranyatan ing ndhuwur, tembung kang nuduhake yogyaswara yaiku

  • siswa-siswi

  • bebarengan

  • donga pangestu

  • wong tuwa

  • bubar wisuda

# 3

Pilihan ganda

Gathekna pranyatan iki!


“Amenangi jaman edan; ewuh aya ing pambudi; melu edan ora tahan, begja begjane kang lali, luwih begja kang eling lan waspada” nggunakake purwakanthi ....

  • basa

  • sastra

  • swara

  • wanda

  • gatra

# 4

Pilihan ganda

Prakaryaku dituku ibu guru


pranyatan ing ndhuwur kalebu purwakanthi guru ....


  • basa

  • lumaksita

  • swara

  • sastra

  • wilangan

# 5

Pilihan ganda

Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa rinengga yaiku ....

  • He, lungguhmu aja jigang kaya ngono kuwi ora sopan, tur ora pantes disawang!

  • Sapa sing rumangsa salah, wis samestine kudu gelem ngakoni salahe mau becike banjur njaluk pangapura

  • Nalika tekan papan kang dituju, bocah wadon mau gage-gage mudhun, terus mlebu omah cet biru mau.

  • Pancen pantes yen dadi patuladhan, dhasar ayu rupane, sumunar cahyane, gandhes luwes solah bawane.

  • Cahyane lampu sokle cumlorot madhangi dalan sing diliwati, lan uga sakiwa tengene, nganti katon watu gedhe-gedhe kang njegreg kaya patung.

# 6

OX

Gery lan Jody cengengesan  ing pojok kelas nalika didukani bu guru. 


Tembung cengengesan kalebu jinise tembung dwi purwa.

Petunjuk

Kepriye bener salahe pranyatan (pernyataan) kasebut?

# 7

OX

Bocah-bocah katon padhang atine.


Padhang atine kalebu tembung saroja.

Petunjuk

Kepriye bener salahe pranyatan (pernyataan) kasebut?

# 8

OX

Agil kuwi pancen bocah kang gedhe endhase.


Tembung gedhe endhase tegese sombong.

Petunjuk

Kepriye bener salahe pranyatan (pernyataan) kasebut?

# 9

OX

Guyune Bahri pancen ngabangake kuping.


Tembung ngabangake kuping tegese njalari anyel.

Petunjuk

Kepriye bener salahe pranyatan (pernyataan) kasebut?

# 10

OX

Gatekna wangsalan ing ngisor iki!


Jadah pohung, mathuk ra?


Wangsalan ing ndhuwur batangane yaiku "ora mathuk"

Petunjuk

Kepriye bener salahe pranyatan (pernyataan) kasebut?

# 11

Pertanyaan jawaban singkat

Tembung "gayuh" yen diowahi dadi tembung dwi purwa yaiku ....

  • gegayuh

  • gegayuhan

# 12

Pertanyaan jawaban singkat

Para pemuda pemudi pada cecangkrukan sawise mloka-mlaku nyang alun-alun.


Saka pranyatan ing ndhuwur kang kalebu dwi lingga salin swara yaiku ....



  • mloka-mlaku

  • mloka mlaku

# 13

Pertanyaan jawaban singkat

Gathekna pranyatan ing ngisor iki!


Ana + Ing ----> Aneng


Miturut karakteristike, pranyatan ing ndhuwur kalebu ....

  • Tembung garba

  • garba

# 14

Pertanyaan jawaban singkat

Yen sampeyan kepingin mujur, ya kudu ....

  • jujur

# 15

Pertanyaan jawaban singkat

Gathekna pranyatan ing ngisor iki!


Pak Kerta tuku kertu dhuwite kertas, nunggang kreta pating kertep liwat kerteg Kertosono.


Pranyatan ing ndhuwur kalebu purwakanthi ....

  • sastra

  • guru sastra

  • puwakanthi guru sastra

  • purwakanti guru sastra

# 16

Pertanyaan jawaban singkat

Gatekna pranyatan ing ngisor iki!


Maha + Resi ----> Maharsi


pranyatan ing ndhuwur kalebu tembung ....

  • garba

  • tembung garba

# 17

Pertanyaan jawaban singkat

Jadah pohung, mathuk ra?


Wangsalan ing ndhuwur batangane ....

  • gethuk

  • getuk

# 18

OX

Tembung "kelapa" kalebu tembung plutan

# 19

Pertanyaan jawaban singkat

Gatekna tembang ing ngisor iki!


Jaranan, jaranan, jarane jaran teji

sing nunggang ndara bei

Sing ngiring para mentri


Tembang dolanan ing ndhuwur kang nuduhake purwakanthi basa amarga ana tembung ....

  • jaran

  • jaranan

  • jarane

# 20

Pertanyaan jawaban singkat

Gatekna ukara iki!


Rangga cengengesan nalika didukane bu Guru amarga gegojegan karo kancane.


miturut ukara ing ndhuwur, kang nuduhake tembung dwi wasana yaiku ....

  • cengengesan

  • cengenges

Bagikan ke Google Classroom