Logo
search
menuicon
thubnail
School Escape Room
Freestyle

GEGURITAN

Devi Noviyanti
1
Added Question (20/ 20)
Allow incorrect answer
Hide answer
public quiz

Question 1

Multiple Choice

Ing ngisor iki kang kalebu purwakanthi sastra yaiku...

  • tata titi tentrem
  • ana awan ana pangan
  • rega nggawa rupa
  • katresnaning ati, atining para pamuji
  • lumantar donga bakal kasembadan

Question 2

Multiple Choice

Maca geguritan kuwi ancase kanggo medharake ruh lan amanat sing kamot ing sajroning geguritan. Mula maca geguritan ora kaya maca warta utawa crita. Kang kudu digatekake nalika maca geguritan, kejaba..

  • Wiwara
  • Wicara
  • Wiraga
  • Wirasa
  • Wirama

Question 3

Multiple Choice

Citraan iku katulis dening panganggit kanggo nuwuhake gegambaran utawa imajinasi kang thukul saka panca driya. Ing ngisor iki kalebu citraan kejaba...

  • panyawang
  • pangrungu
  • pangaras
  • pandemok
  • pepaes

Question 4

Multiple Choice

Tansah kelingan marang esemu, esemu kang gawe gumetering atiku. Ukara ing dhuwur kalebu lelewaning basa...

  • perbandingan
  • pertautan
  • metafora
  • repetisi
  • pengontrasan

Question 5

Multiple Choice

Guritan tradhisional nduweni paugeran tartamtu, kejaba...

  • cacahing gatrane ora gumathok
  • saben gatrane dumadi saka 8 wanda
  • basane endah nanging gampang dimangerteni
  • swara saben pungkasaning gatra padha
  • wiwitane geguritan nggunakake ukara sun gegurit

Question 6

Multiple Choice

Kang diarani geguritan bebas yaiku...

  • geguritan modheren
  • geguritan tradhisional
  • tembang tengahan
  • kidung
  • macapat

Question 7

Multiple Choice

Pamilihing tembung-tembung endah ing sajroning geguritan diarani...

  • tema
  • amanat
  • diksi
  • rima
  • ritma

Question 8

Multiple Choice

Kang ora kalebu perangan ing babagan nulis geguritan yaiku...

  • tema
  • rima
  • diksi
  • skenario
  • pamilihing tembung

Question 9

Multiple Choice

Ekspresi, patrap/sikap, lan obahing awak nalika maca geguritan diarani...

  • wiraga
  • wicara
  • wirama
  • wirasa
  • wirunggan

Question 10

Multiple Choice

Ing ngisor iki kang ora kalebu titikane geguritan anyar yaiku...

  • basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan
  • tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung
  • sajak pungkasan mardika/bebas
  • lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit
  • ana kalane nganggo lelewaning basa/gaya bahasa

Question 11

Multiple Choice

Pengarang lan lingkungan iku kalebu unsur ... geguritan.

  • baku
  • ekstrinsik
  • primer
  • pokok
  • intrinsik

Question 12

Multiple Choice

Jangkep jaladri lan gunung-gunung. Tembung jaladri nduweni teges...

  • langit
  • awan
  • bumi
  • laut
  • angin

Question 13

Multiple Choice

Gawe bingung sing tetanen. Tembung tetanen asale saka tembung lingga ...

  • tani
  • tata
  • tanem
  • panen
  • tanduran

Question 14

Multiple Choice

Undheraning prakara ing geguritan dhuwur yaiku kahanan...

  • jagad kang wis tuwa
  • ati kang bingung
  • tengah wengi tumuju fajar
  • prahara ing jaman biyen
  • wayah dunya wis enggal rampung

Question 15

Multiple Choice

Kebunku Maneka werna thumukul tetanduran Ana gedhe ana cilik Gegodhongan kang ijo royo-royo kalebu citraan jinis...

  • panyawang
  • pangrungu
  • pandemok
  • pangaras
  • citra rasa

Question 16

Multiple Choice

Tak-tik-tak swarane jam Bebarengan netes, tas-tesing udan ing sepining wengi Swara kang ngiringi ati iki kalebu citraan jinis...

  • pangaras
  • pangrungu
  • pandemok
  • panyawang
  • citra rasa

Question 17

Multiple Choice

Aruming ganda wangi Melati Sumrebet katiup angin wengi Tansah ngelingake marang wewangian uripku lan uripmu kalebu citraan jinis...

  • pangaras
  • pangrungu
  • pandemok
  • panyawang
  • citra rasa

Question 18

Multiple Choice

Sepisan anjawat kang asta Kaya-kaya wus antuk suwarga kalebu lelewaning basa jinis...

  • hiperbola
  • metafora
  • metatesis
  • epentesis
  • ironi

Question 19

Multiple Choice

Temah agawe kunjana papa Lunging gadung hangayun-ayun kalebu lelewaning basa jinis...

  • hiperbola
  • personifikasi
  • metafora
  • metatesis
  • ironi

Question 20

Multiple Choice

Eseme kang manis madu Dasar ayu parasmu kang tanpa layu kalebu lelewaning basa jinis...

  • metafora
  • metatesis
  • hiperbola
  • klimaks
  • antiklimaks
Share to Google Classroom